Minggu, 09 Juni 2013

Ngilangna iklan neng halaman fb

    Aku sering sewot karo iklan2 neng pesbuk....malah ana kanca sing wis prustasi ( sory tent hehehehehe....pis ya ) nginbok aku komplain masalah iklan sing tampil nganggo akune aku(padahal aku ora pernah uplot).trus aku takon maring mbah gugel (dudu simbah yani ya.....hehehehehe sori mbah)"pimen mbah carane ngilangna iklan ng fb" trus mbah gugel nein pilihan "kiyeh pilih dewek cara2ne sing menurut koen gampang......" tak waca siji2 kayonge tah gampang tak cacag eh bener,iklane ilang hehehehehe saiki fb aku wis laka iklane dadi nambah cepet lodinge.gbr 1 , 2

                                           gbr 1
                                        
                                           gbr 2
  ya wis saiki tak bahas cara2ne.
pertama kudu luruh add on nggo mozila arane adblock plus.Klik link kiye trus angger wis kebuka klik
add to Firefox.
yen donlote wis kelar muncul kotakan sing ana tulisane " Install add-ons only from authors whom you trust" 
 trus klik instal,enteni nganti pragat.yen wis kelar restart mozilane
muncul kotak pilihan sing pan di blokir pilih bae ABPindo + Easy list klik ok cacag buka pesbuk treeeeng......iklane kanclep hehehehehehe.....tapi aku kan kadang butuh iklan oh.....ya gampang, ng mozila klik tools trus klik add on ( atau teken bae ctrl+shift+A) trus muncul halaman add on pilih adblock plus pilih disable treeeng iklane cumul maning hehehehe.
   Wis bisa kan? yen durung bisa melasi nemen sih hehehehehe......(guyon pren).langsung bae ng sumbere ng kene (aku tah nerjemahi tok hahahahahahaa...........).Semono bae aku ngecape ya.......yen ana ucapanku sing kurang berkenan aku njaluk pangapurane,semoga berguna nggo kanca2 kabeh,salam STUNER..........
Asalamu alaikum.......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar